Wayah sore ing pelataran mburi omah'e, Mas Gandrik lagi nyruput teh anget dan nyomot gedhang goreng dikancani karo Lek Tugi disambi nyawang montor anyar'e mas Gandrik...
Lek Paidi : Mas, pak lurah mau nyaranke penghematan energi lho.
Mas Gandrik : halah, de'e mung nyonthong wae,
Lek Paidi : lha tapi sing ngomong pak lurah lho
Mas Gandrik : (karo disambi nyomot gedhang goreng) lha njuk ngopo? yen misal de'e gelem ngonthel yen nang kelurahan, trus dalan ndeso kie ga ditutup pas de'e lewat nah iku lagi entuk nyaranke.
Lek Paidi : (cangkeme kebak amargo disambi mamah gedhang goreng) oh iyo yo Mas, bener juga.
Mas Gandrik : Nyonthong lan ngakon kie entuk, mung kudu nge'i conto lan teladan..ayo lek di dhahar maning gedhang goreng'e
Lek Paidi : Ing ngarso sung tulodho yo mas, le ngarep nge'i conto. (langsung nyruput teh anget)
Mas Gandrik : (karo mendelik) walah wedang ku kok mbok sruput to yo cuk !!! sing kae wedang-mu.
Senin, 19 Maret 2012
IRIT ENERGI? CONTONI DHISIK LAGI NGONGKON THO YO CUK !!!
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar